Jumat, 14 Agustus 2020

 

PIWELINGE BU GURU

                                                                  Dening Rian Ika Maryani

Saiki wis bedo le,,,nduk

Kahanane ora kaya sing tak rasakke naliko aku cilik

Katon seneng playon ing latar sekolah

Gatheng utawa jethungan

Nembang lan dolanan pasaran

Yen ketemu bu guru tansah sumringah

“Sungeng enjang Bu Guru” swaraku bungah

 

Saiki wis bedo le,,,nduk

Sing paling tok sayang yo amung kotak cilik

Kang iso dipejet-pejet arupa hape lan sakpanunggalane

Arang iso dolan karo kanca

Arang srawung karo tangga

 

Gadget lan tivi dadi simbokmu

Tetembangan wong gedhe dadi embanmu

Pancen akeh sing toksinau

Nanging durung dadi wayahmu ngerteni sak kabehane kui mau

 

Saiki…lali karo kanca….

Lali karo tangga….

 

 

Ana perkara cilik dirampungke nganggo swara

Iso uga nganggo tenaga

Ati dipilara

Awak didu ngasi lara

Lara ora namung ana ing raga

Ati iki lee….nduk… sing nyata-nyata luwih lara

 

Bu guru uga pirsa

Kabeh mau amarga kowe pada rumangsa

Yen paling bener lan paling kuasa

Padha nuladhani apa kang tokdelok ing tivi lan sosial media

Nuladhani simbok sambungmu

Sing saben dina ngancani wayah sepimu

Nalika kowe ditinggal makaryo bapa ibu

 

Thole…genduk kudu eling

Yen urip kui kudu bareng-bareng

Ora iso dhewe

Ora iso saksenenge

 

Kabeh perkara dirampungke

Kanthi ati adem, kanti pikiran tentrem

Ora nganggo tangan, ora nganggo badan

 

 

Le...nduk

Jangkahmu isih dawa

Dalanmu isih akeh godha rencana

Kanggo nggayuh lintang impenmu

Ora namung lantipe pikir ngetung eks kuadrat tambah ye kuadrat

Nanging awakmu kudu nduweni ati kang edi

 

Piwelinge bu guru….

Jaga atimu, jaga lisanmu, lan jaga awakmu

Urip kui ora mung nganggo kapinteran

Nanging ati kang iso laras karo tumindak becik marang sapada-pada

Tidak ada komentar:

Posting Komentar