PIWELINGE BU GURU
Dening
Rian Ika Maryani
Saiki wis bedo
le,,,nduk
Kahanane ora kaya
sing tak rasakke naliko aku cilik
Katon seneng playon
ing latar sekolah
Gatheng utawa jethungan
Nembang lan dolanan
pasaran
Yen ketemu bu
guru tansah sumringah
“Sungeng enjang
Bu Guru” swaraku bungah
Saiki wis bedo
le,,,nduk
Sing paling tok
sayang yo amung kotak cilik
Kang iso dipejet-pejet
arupa hape lan sakpanunggalane
Arang iso dolan karo
kanca
Arang srawung karo
tangga
Gadget
lan tivi dadi simbokmu
Tetembangan wong
gedhe dadi embanmu
Pancen akeh sing
toksinau
Nanging durung dadi
wayahmu ngerteni sak kabehane kui mau
Saiki…lali karo kanca….
Lali karo tangga….
Ana perkara cilik
dirampungke nganggo swara
Iso uga nganggo tenaga
Ati dipilara
Awak didu ngasi lara
Lara ora namung ana
ing raga
Ati iki lee….nduk…
sing nyata-nyata luwih lara
Bu guru uga pirsa
Kabeh mau amarga
kowe pada rumangsa
Yen paling bener
lan paling kuasa
Padha nuladhani apa
kang tokdelok ing tivi lan sosial media
Nuladhani simbok
sambungmu
Sing saben dina ngancani
wayah sepimu
Nalika kowe ditinggal
makaryo bapa ibu
Thole…genduk
kudu eling
Yen urip kui
kudu bareng-bareng
Ora iso dhewe
Ora iso saksenenge
Kabeh perkara dirampungke
Kanthi ati adem,
kanti pikiran tentrem
Ora nganggo tangan,
ora nganggo badan
Le...nduk
Jangkahmu isih dawa
Dalanmu isih akeh
godha rencana
Kanggo nggayuh lintang
impenmu
Ora namung lantipe
pikir ngetung eks kuadrat tambah ye kuadrat
Nanging awakmu
kudu nduweni ati kang edi
Piwelinge bu
guru….
Jaga atimu, jaga
lisanmu, lan jaga awakmu
Urip kui ora mung
nganggo kapinteran
Nanging ati kang
iso laras karo tumindak becik marang sapada-pada